Tembung “Budi Pakerti” dumados saking tembung “Budi” kecambor kaliyan “Pakerti”. Budi atages Pikir utawi nalar lan Pakerti atages Tumindak. Dados budi pakerti atages Tumindak ingkang dipun kendali utawi dipun setir dining pikir utaw nalar. Budi ugi wonten warni kalih, nggih puniko:

  1. Budi ingkang luhur.
  2. Budi ingkang asor.

Pakerti ingkang dipun kendhali dening budi ingkang luhur nuwuhaken pakerti ingkang luhur lan pakerti ingkang dipun tuntun dening budi ingkang asor nuwuhaken pakerti ingkang asor. Jer nalar utawi pikir puniko ingkang saget nuwuhaken ilmu pengetahuan saget mbentenaken pundi ingkang luhur lan pundi ingkang asor, pundi ingkang leres kolowau ugi ngengingi pakerti-pakerti utawi tumindak-tumindak ingkang nistha.

Mugi kawuningono bilih pakerti manungsa puniko kejawi dipun kendali dening budi kados kasebat ing nginggil ugi dipun setir dining ingkang dipun wastani :INTING/NALURIi lan mahluk ingkang gasangipun namung ketuntun dining INTING tanpa dipun kendaleni dining budi inggil puniko SATO utawi KEWAN lan kewan puniko mboten mangertos bab leres utawi mboten leres, mboten sumerep isin utawi wirang mboten mangertos doso.

Pramilo ugi winten salah satunggaling guruming guru ingkang mastani bilih manungsa puniko “HEWAN BERBUDI” awit unsur biologisipun kados dene (Sato/Hewan) nanging kedumungan budi kasebat ing nginggil.Ngrembag bala piwulang Budi Pakerti ugi ngrembak bab-bab ingkang ngengingi: Jiwa, watak lan sipat manungso. Dados ngengingi bab-bab tata batin manungsa, jer manungsa puniko wiwit lahir sampun sangu bakat kelakuan utawi budi pakerti ingkang kados punopo kemawon (Luhur utawi asorlan nistha). Gumantung panggulo wentahing poro tiyang sepuh seho poro guru. Dipun wartani Wong Tuwo puniko : wong kang pituwase mardowo lan dipun wastani guru puniko : dipun gugu lan dipun tiru.

Panggulowentah bab budi pakerti puniko murih keleksanan perlu dipun wiwiti/milai lare taksih balita, sekolaj kaanak-kanak, SD, SMP, SMK/SMA ngantos Perguruan Tinggi. Nggulowentah bab budi pakerti puniko sampun aran kasep lan angel sanget ingkang mboten sae lan mboten trep tumprap kepribadian Jawi sampun kalajeng mbalung sumsum (membudaya) dhumateng jiwanipun lare saget winastan “Ciri wanci lali ginowo mati” bab ingkang sampun cacat kabekto ngantos dumugi pejah.

Supados mboten kasep tiyang sepuh saha guru kedah tlatos/tlaten paring tulodho bab jiwa, watak, lan sifat ingkang luhur apesiun wujud pitutur. Awit pitutur puniko “woh pangolahing pakerti”. Makaten meniko mboten namung rupi ihtiyar lahir lan batin minongko kewajiban dados tiyang sepuh soho guru kedah tlaten ugi sabar anggenipun paring panggulo wentah budi pakerti amprih saenipun mugi poro putro dadosno putro ingkang piguno tumprap negoro miwah agomo ingkang saged dados tepo tulodho ingkang sae.

ditulis oleh : Suroto, S.Pd

Tinggalkan Balasan